TUMBAS BUKU
RANI : Assalammualaikum wr.wb
RINI : Wa’alaikumsalam wr.wb
RANI : Rin kowe wis tuku buku kawruh basa
jawa gurung?
RINI : Gurung Ran,soale aku arep tuku ora enek
kancane.
RANI : Oh, ya wis kebeneran aku ya gurung
tuku.
Ya wis tukune bareng karo aku wae.
RINI : Ya wis,sekalian karo Rosa ya,soale
mau Rosa sms aku padha wae ngajak aku tuku buku kawruh basa jawa.
RANI : Ya wis saiki nang umahe rosa, terus
nang toko buku GRAHA MATAHARI.
RINI : Ya wis.
(Rani lan Rini
tindak menyang griyane Rosa)
RINI : Assalammualaikum wr.wb
ROSA : Wa’alaikumsalam wr.wb
Eh
Rini lan Rani, ana apa?
RANI : Iki lho,aku karo Rini arep tuku buku kawruh
basa jawa, jare Rini kowe ya arep melu bareng?
ROSA : Oh, ya aku arep melu.
Ya wis ayo mangkat saiki.
(Rosa,Rani, lan
Rini tindak menyang toko buku GRAHA MATAHARI)
RANI : Mba badhe tumbas buku.
ROSI : Eh Rani.
RANI : Eh mba Rosi nggih,nyambut damel teng
mriki mba?
ROSI : Nggih Ran,mriki kalih sinten?
RANI : Kalih rencange mba.
ROSA : Mba iki sapa Ran?
RANI : Iki mba Rosi sedulurku.
ROSI : Dadose badhe tumbas napa?
RINI : Buku kawruh basa jawa tiga mba.
ROSI : Nggih mpun kulo pundhutaken rumiyin
nggih.
RINI : Nggih mba.
ROSI : Niki bukune.
RANI : Dadose pinten mba?
ROSI : Rp.30.000
RINI : Niki mba artane.
ROSI : Matur nuwun nggih.
RINI : Sami-sami mba.
RANI : Kulo wangsul rumiyin nggih mba.
ROSI : Nggih, ati-ati nggih.
RANI : Nggih mba.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar