Jumat, 28 Februari 2014

bahasa jawa



TINDAK  MENYANG JAKARTA

Wektu libur semesteran kelas tiga SMP kula tindak  teng griyane budhe kula teng jakarta. kula teng jakarta kalih bapak, ibu, saha rayi kula ingkang asmane cindy. Kula pangkat saking griyane kula jam 11 siang ngangge bis. Saking Larangan ngantos Cirebon mboten macet, namung saking Cirebon ngantos Jakarta macete mboten telas – telas. Kula dugi teng Jakarta saksampune maghrib. Dugi teng griyane budhe, kula saha keluarga kula lajeng kendel rumiyin.

Ngenjange kula kalih bapak, ibu, cindy, saha sadhereke kula ingkang asmane mba dewi, mba laras, saha mas aji tindak teng griyane embah kula. Namine nggih Jakarta, mboten Jakarta asmane menawi mboten macet. Namung, mboten dangu kula saha keluarga dugi teng griyane embah. Kula saha keluarga bingung griyane embah teng pundi soale griyane embah kula teng griya susun, griya susune sae sanget mboten kados griya susun teng film – film ingkang alit lan sempit. Teng mriku wonten lapangan kangge olahraga, taman, sekolahan, pokoke leres sae sanget. Saksampune kula lan keluarga kula muter – muter, kula semerep putrane embah kula. Kula lan keluarga dipunanteraken teng griyane embah  kula. Saksampune teng griyane embah, kula wangsul. kula dipunanteraken wangsul ngangge mobile embah. Saksampune kula dugi teng griyane budhe, kula lajeng tilem amarga sampun ngantuk.

Ngenjange rayi kula nyuwun teng super market tumbas es krim. kula lajeng nyuwun nderek  kalih bapak saha sadhereke  kula sekalian mlampah-mlampah. kula nitih perahu amarga griyane budhe kula teng pinggir kali. Saksampune nitih perahu kula, cindy, bapak, mba dewi, mba laras, saha mas aji mlampah nganti super market. Saksampune tumbas es krim, kula nyuwun teng Ancol marang budheku. Saksampune menika, budheku ngebel embahku, supaya saged nitih mobile embah tindak menyang Ancole. Tirose budheku, embah purun tindak menyang Ancol ngenjang.

Jam 10 enjing kula saha keluarga kula sampun pangkat teng Ancol. Saksampune dugi teng Ancol kula saha keluarga mlebet teng ngajenge  Ancol. Selajangipun kula saha keluarga nitih perahu teng segara, pikirane kula badhe enak semerep segara saking caket, namung kula mabok segara amarga kaombang -ambing ombake segara. Saksampune nitih perahu kula banjur kendel, namung cindy, mba dewi saha bapak ameng-ameng  teng segara. Amarga sampun jam 12 siang kula saha keluarga lajeng dhahar sareng - sareng. Saksampune dhahar kula saha keluarga lajeng tindak teng Dufan. Wektu mlebet ngajenge Dufan kula sampun remen sanget, soale teng ngajenge wonten patung saha pemandangan taman ingkang sae sanget. Namung wektu badhe teng loket, regi tikete awis sanget yaiku Rp. 150.000. amarga tikete awis, kula mboten dipunangsalaken mlebet teng Dufan. Kula ya gela namung badhe pripun malih. Pungkasanipun kula saha keluarga wangsul teng griyane budhe.

 Kalih dinten ngenjange, kula nyuwun pamit kalih budhe, padhe, saha sadherek- sadhereke kula amarga kula badhe wangsul teng griyane kula yaiku Larangan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar